-->

Radio Cawang

Radio Cawang
Radio Cawang
radio tempo dulu
Assalamu'alaikum poro dulur kangyantok, jaman mbiyen sopo sing isih menikmati nglaras radio model ngene iki berarti kowe wis wayah tuwek...hehehe..
jaman mbiyen radio koyo ngono kui barang berharga lho kok iso la nyatane yo radio cawang ngono kuwi yo enek sing digondol maling.tur tukumu kann nganggo duit la berharga to?..
dulur, jaman radio cawang yen nyetel awan gemontang karo wedangan bar ingon awan sinambi ngrungokke sandiworo saur sepuh sing bintange lasmini,bramakumbara.le ngatekke wae ngasi khusuk ngalahke khusuk e sholat wedalah selain saur sepuh ono sandiworo sing tokohnya jenenge baru klinting,nyi pelet  mak lampir lang uakeh maneh..ojo lali radio jadul iki yo ngo ngrungoke siaran langsung sepak bola lho...mbiyen sing terkenal maradona,nurinere,hermansyah samapi sampai aku balbalan senengane kiper ngidolakke hermansyah..mbiyen isih arang listrik dadi radione nganggo baterai  la yen tuku yen pas dodol kacang karo jagung dadine yen nyetel di awet awet gen ojo cepet entek batune. yo paling sing dirungokke ketoprak,sandiworo,balbalan.. dadine jaman mbiyen dosa mata kuwi langka..wis bayangno dewe mbiyen kenanganmu karo radio jadul kuwi opo. wassalam
Advertisement