-->

Mbok Ben to

Mbok Ben to
Mbok Ben to
Halah Ngopo ndadak isin? Yo ben keluarga ku opo kowe  gur wong tani,tukang becak, tukang bangunan, opo tukang cuci ora ono elekke jenis panggawean koyo ngono kuwi?
Sing Isin Kuwi yen wong tuaku Pejabat Tinggi bergaji besar tapi awal awal masuk wae nyogok atau nyuapin
Sing isin kuwi yen keluarga kita pinter nilep duit rakyat, duit proyek mlebu kantong, amit amit duit sumbangan yo dipangan

Ngopo Ndadak isin yen keluarga kita nengndi nendi nupak angkot kadang yo mlaku tok
Kenapa mesti Isin?  
Apalagi neng omahku kursi mangan dari kayu, piring piring seko kaleng,klambi yo gur kui kui wae, halah mbok ben wong Nabi mbiyen jare klambine yo gur kui kui wae padahal Wong sing Paling Mulia sak ndonyo

Sing Isen kui, yen keluargane mobile mewah,rumahe wahh apik lik,sofa empuk,piring piring kencling bin kinclong tapi kabeh duite le Maling,koyo koyoe ketoke terhormat buanget yen di delok ket njobo tapi sak jane hasile seko maling,maling nganggo dasi. apalagi mari ngeruk duit malingan trus nginep neng kerangkeng wesi la iki sing kudu isin

Makane kudu di syukuri sak sederhanane' kelurga aku lan kowe
wis mlayuo sak karepmu ngoleki mimpi mimpimu, terus kerjo sing tekun lan welinge simbah sing penting JUJUR, Sekolah seng tenanan pokoe yen kok lakoni jujur ora ono kisinan opo kehinaan neng jroning uripmu.
wis yo le aku arep mangkat macul arep kowak ulur jagung


Advertisement