-->

Boso Ngoko

Boso Ngoko
Boso Ngoko
Nuwun sewu keng romo lan ibu,keng putro dereng saget dados putro wayah engkang ngremenaken dumateng njnenengan kekalih. 
Sedulurku aku rep cerito podo karo kowe opo ora?.. aku mbiyen yen isih cilik di pituturi marang wong tuwaku yen ketemu wong luwih tuwo kudu sopan terutamane ngendiko boso kang alus yo kromo inggil yen sampai aku konangan ora boso jowo kromo inggil karo wong luwih sepuh aku messti di seneni marang bopo. tapi anehe dulur aku sampai seprene kok karo wong tuwaku dewe ora ajeg iso boso kromo inggil tapi yen karong wong liyo sing luwih tuwo malah sering boso kromo inggil. nuwun ngapunten keng romo.
misale  ukarane ngene'
-Pakde tarto bahde tindak pundi? 
-Arep neng sawah lho le ngelep sawah
- ooo ngih ngatos atos 
Tapi yen karo bapakku dewe opo ibukku
- Arep nengndi pak/mamak?
-Arep neng sawah 
- yo wis ngati ati yo..
Hadeeeh.. njenengan piye sedulur kangyantok? ojo koyo aku yo.. hehehe ora patut di tiru.
Advertisement