-->

Golek Damen

Golek Damen
Golek Damen
Golek damen
Assalamu'alaikum Sedulur,Bismillah
Iki usum panen pari waktune berburu damen golek pakan ngo ngingoni sapi yo kang..wis becek ora popo sing penting sapine anakku wareg lan lemu ginuk ginuk yen diswang kang nyenengke.
suwe ora mikul pari siap siap neng pundak njangkol kang. bareng bareng ngarit,bareng bareng usung neng ndalan gilu ngusunge mikul ngene iki

bareng bareng ngerek,lan sing penting guyun lan terus mangan lan udud bareng iku intine sing marai ora sido kesel apalagi di suguh camilane iki
Kuliner wonogiri ungker jambu mete
Yo tambah mak kletus nyamlenggg.. horo opo kuwi kang?.. kuwi ungker jambu di goreng enak lho...hehe haram lan halale mbuh sampeyan takoko pak ustads kae wae sing mulang ngaji utowo bapak haji sing wis neng mekkah.
bar kuwi wayah awan di kirim sayur otowo jangan tenpe mlanding kuliner andalane wong njatiroto wonogiri
Kuliner wonogiri tempe mlanding

Mari ingon lan usung pari saatnya mulih leyeh leyeh karo wedangan sinambi antri ngerek parine.
ngono sik yo kang sedulur yantok
wassallam
Advertisement